Dawet Ayu: Kesegaran Tradisional saka Banjarnegara sing Mendunia

Dening Amanda Fitria Cahyani (4 / XI-8)

Dawet Ayu iku salah siji wedang tradisional sing asalé saka Banjarnegara, Jawa Tengah. Jeneng "Dawet Ayu" dhewe nggambarake kesegaran lan kaendahan, nawakake sensasi sing manis lan nyegerake. Miturut sumber saka Wikipedia, Dawet Ayu iku wedang seger sing wujude cendol utawa dawet, santen kelapa, lan gula aren cair. Ing Jawa Tengah, wedang iki diarani "dawet", déné ing Jawa Timur asring diarani "cendol". Jeneng iki njupuk saka bahan utama sing dienggo, yaiku tepung beras sing digawe dadi cendol lan diwenehi warna alami saka godhong suji.

Dawet Ayu iku bagéan saka warisan budaya lan tradisi khas Banjarnegara. Wedang iki diyakini wis ana saka jaman nenek moyang, bisa uga puluhan nganti atusan taun kepungkur. Saiki, Dawet Ayu isih tetep populer lan akeh didol ing manéka panggonan, saka warung pinggir dalan nganti pasar tradisional ing Banjarnegara. Saliyane didol ing Banjarnegara, Dawet Ayu uga dipasarake menyang daerah liyané kaya Boyolali, Klaten, Semarang, lan isih akeh manèh. Salah siji panggonan ing Boyolali sing kondhang dodolan Dawet Ayu iku Dawet Ayu Banjarnegara Mbah Darmo. Biasane didol karo mlaku-mlaku ngubengi daerah Cepogo, sak gelas Dawet Ayu regané kira-kira Rp 5.000,00. Regané sing terjangkau iki nggawe Dawet Ayu bisa dinikmati déning manéka kalangan.

Dawet Ayu saka Banjarnegara diakoni dadi "sesepuh" dawet ing Jawa Tengah. Dawet ayu malah dinobatake dadi wedang terpopuler ing Anugerah Pesona Indonesia 2021. Wedang iki versi paling sederhana saka dawet. Komposisine santen, dawet, lan sirup gula aren. Dawet Ayu Banjarnegara nawakake rasa sing luwih kaya karo manis alami saka gula aren asli lan gurihé santen. Saliyane kuwi, cendol sing dienggo luwih kenyal lan seger, beda karo cendol saka daerah liyané sing cenderung luwih lembek. Ing penyajianne, Dawet Ayu Banjarnegara asring ditambah es serut, menehi sensasi kesegaran sing sempurna ing dina sing panas.

Saliyane nduwèni rasa sing seger lan nikmat, dawet uga nduwèni sapérangan manfaat kesehatan. Santen sing ngemot lemak sehat, cendol saka tepung beras sing dadi sumber energi, lan gula jawa sing ngandhut mineral sugih zat besi lan kalium. Wedang iki uga cocok kanggo ngademaké awak nalika cuaca panas.

Dawet Ayu kudu dilestarikaké minangka salah siji warisan kuliner Jawa. Dawet Ayu dudu mung sekadar wedang, nanging uga representasi budaya sing kaya nilai-nilai tradisional lan lokal. Sajian iki ora mung seger lan nikmat, nanging uga ngemot nilai sejarah lan budaya sing dhuwur. Nggoleki dawet ing pasar-pasar tradisional utawa sajian khusus bisa dadi salah siji cara kanggo nyengkuyung lestariné wedang tradisional iki. Mula, aja nganti lali kanggo nyoba dawet lan ngrasaaké kangené wedang tradisional Jawa sing ora ana tandhingané iki.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Keris

SENI REOG CAMPUR BAWUR

Kenduren : wujud kebersamaan lan solidaritas masyarakat