Kaldu Kokot Sumenep : Harta Karun saka Wetan Madura

Dening Rani Aulia Pramodhawardani (27 / XI-8)


Kaldu kokot iku salah siji panganan khas Sumenep, Madura, Jawa Timur. Saka jenenge, isoh disimpulke menawa panganan ini kalebu panganan sing ekstrem utawa hardcore. Miturut situs resmi Kemdikbud, kaldu kokot iku kalebu panganan abot sing digawe saka kikil utawa bagian telapak sikil sapi, banjur isi kacang ijo, jeroan utawa tetelan sapi koyo iso, babat, paru, lan uga lontong. Perpaduan rasa gurih asin saka kacang ijo lan kikil uga tetelan ing kaldu kokot, soyo gawe selera mangan soyo gedhe.

Kaldu kokot iku bagian saka warisan budaya lan tradisi khas Sumenep. Kurang luwih, kaldu kokot iki wis ana nalika zaman mbiyen, sekitar puluhan utawa atusan tahun kepungkur. Nanging, tekan saiki kaldu kokot isih tetep kondhang lan akeh didol ing pinggiran dalan Sumenep. Salah siji panggonan sing isih dodolan kaldu kokot yaiku warung Bu Sunarsih. Ing warung iku, sak porsi kaldu kokot regane Rp 50.000,00. Amarga porsine gedhe, sak porsi bisa kanggo wong 2-3.



Kaldu kokot ing Sumenep beda karo kaldu kokot sing ana ing daerah Madura liyane. Kaldu kokot ing Sumenep duduhe luwih kentel lan buthek. Beda karo kaldu kokot ing daerah liya sing duduhe bening. Kaldu kokot ing Sumenep uga dikei bumbu kacang. Ora kaya kaldu kokot ing daerah liya kaya Pamekasan sing ora nganggo bumbu kacang.

Pemerintah daerah, lewat Dinas Pariwisata Kebudayaan Pemuda dan Olahraga (Disparbudpora) Kabupaten Sumenep, ngusulake marang Kementerian Pendidikan dan Budaya (Mendikbud) supaya kaldu kokot didadekake Warisan Budaya Tak Benda (WBTB) ing taun 2020. Akhire, ing taun 2021, kaldu kokot dadi salah siji saka 16 karya budaya sing ditetapake dadi Warisan Budaya Tak Benda (WBTB). Kuliner iki kalebu kategori Keterampilan, Kemahiran, Kerajinan.

Secara simbolis, kaldu kokot duwe pesan moral yaiku andhap asor. Pesan moral iki dilambangake saka bahan-bahan kaldu kokot. Bisa dideleng saka bahan utama kaldu kokot yaiku kikil sapi sing bisa ditemokake ing bagian balung lan otot ing pucuk ngisor sikil sapi. Panggonane sing paling ngisor iki nggambare sifat andhap asor.

Ora mung enak lan bergizi, kaldu kokot uga duwe makna simbolis sing kuat. Lewat keunikane iku mau, kaldu kokot kudu dilestarekake supaya ora ilang lan ora punah kegerus zaman. Awak dewe kudu ngerawat lan ngenalake panganan unik saka Pulau Madura iki marang anak lan putu. Lantaran mengkana, kaldu kokot sing unik iki bisa terus lestari.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SENI REOG CAMPUR BAWUR

Kenduren : wujud kebersamaan lan solidaritas masyarakat