KESENIAN LUDRUK
Ludruk yaiku kasenian drama tradhisional saka Jawa Timur. Manut wikipedia ludruk yaiku drama tradhisional kang diparagakake dening siji grup kasenian kang dipergelarake ing panggung ingkang njupuk carita ngenani kauripan rakyat saben dinane, carita perjuangan, lan sapanunggalane kang disambi karo lawakan lan dibarengi karo gamelan.
Manut sunaryo dkk (1997), ludruk ing abad kaping-12 duweni jeneng ludruk bandhan. Nanging ing abad kaping-17 tekan 18, ludruk bandhan iki berkembang dadi pertunjukan lerok pak santik. Lerok yaiku piranti musik kang dipetik kaya kecapi, sawetara pak santik ngrujuk ing tokoh kang nganyari ludruk.Ing pertunjukan iku dheweke kandha isining atine. pisan-pisan uga niruke uni piranti musik, lan sikile dihentake nganti nimbulake uni “gedrak-gedruk”. Saka kuwi banjur lerok iki njelma dadi ludruk, kang dijupuk saka uni hentakan sikil pemain lerok.
Ludruk nduweni fungsi loro yaiku, primer lan sekunder. fungsi primer ludruk asipat ritual, estetis, lan dadi hiburan. sawetara saka sisih sekunder ludruk nduweni pirang-pirang fungsi, yaiku dadi sarana pandhidhikan, solidaritas, nuwuhake kawicaksanan, lan sapanunggalane.ludruk iku tuladha nyata kepriye pertunjukan isoh dadi cerminan kauripan saben dina lan sarana kanggo ngaturi pesan-pesan sosial. Karo perhatian kang pener, kasenian ludruk arep terus urip lan menehake inspirasi dinggo generasi enom.
Komentar
Posting Komentar