Filosofi Busana Temanten Solo Basahan

Dening Azizah Naila Zahra (11 / XI-8)


    Busana lan rias temanten solo basahan yaiku sawijining sandhangan lan tata rias temanten adat jawa kang populer ing wilayah Solo lan Jawa Tengah. Busana iki dikenal kanthi sebutan dodot amarga temanten kakung lan putri migunakake kain kemben dawa lan amba kang diarani kain dodot utawa kampuh.

    Panggunaan busana lan rias temanten solo basahan iki sumbere saka tradhisi karaton. Ing jaman semana, sandhangan iki namung oleh dinggo dening kulawarga karaton. Nanging, kairing perkembangan jaman, busana lan rias temanten solo basahan bisa digunakake dening masarakat. Bab iki padha karo motif batik kang mbiyene disakralke nanging saiki bisa dinggo dening masarakat umum.

    Busana lan rias temanten solo basahan digawe ora tanpa arti. Busana lan tata rias iki nduweni teges filosofis kang dadi simbol serah dhiri marang Gusti kang Maha Agung. Saka saben elemen tata rias lan busana iku, ana sawijining donga lan pangajab saka pihak kulawarga. Kanggo njalani panguripan anyar dadi pasangan bebojoan, pangarape para temanten bisa mbangun kulawarga kang bungah, harmonis, sejahtera, lan oleh urip selaras karo alam. 

Rias temanten solo basahan

    Pada karo tata rias temanten modhel liyane, proses tata rias temanten solo basahan biyasane fokus ing temanten putri. Nanging, tata rias temanten putri modhel solo basahan nduweni ciri kas kang unik. Ing antarane yaiku paes werna ijo kang nglambangake supaya temanten putri tansah mikir positip. Saliyane iku, ana bentuk alis kacorak menjangan meranggah kang nyimbolake sengkuyung lan rasa bungah.

    Paes temanten solo basahan ana 4 bentuk, yaiku: 

  • Siji gajahan utawa panunggul kang digawe ing tengah bathuk kanthi maksud supaya temanten bisa dadi manungsa kang nduweni akeh ngelmu.
  • Pangapit kang ateges supaya temanten bisa mbedakake becik lan ala. 
  • Panitis kang ateges supaya temanten bisa milih kanthi bener
  • Godheg kang nduweni arti pangajab supaya temanten bisa nglairake keturunan kang bisa nerusake ngelmu lan panguripan.

Busana lan rias temanten solo basahan kanggo temanten putri

 1) Sanggul solo basahan 

  • Panggunaan sanggul bentuk bokor mengkurep ateges temanten putri dikarepake bisa mandiri lan tansah nerima ing pandum (artine sing nggunakake sanggul tansah nduweni rasa syukur karo kabeh pawenehan Gusti). 
  • Bentuk sunggaran ing sisih tengen lan kiwa cedhake kuping ateges gelem ngrungokake pitutur kang becik.  
  • Cunduk mentul motif alas-alasan dikarepake temanten bisa ngadhepi panguripan kanthi wicaksana.  
  • Hiasan sempyok garuda kang dipasang ing mburi sanggul ateges supaya tansah waspada. 
  • Hiasan cunduk jungkat lan centung ateges kesucian wanita, lan sisir/keketan ateges supaya dadi bojo tansah setia karo bojone.

    Wondene peralatan lan bahan sanggul kang digunakake yaiku rajut isi rajangan pandan alus, uga cemara pupuk, lan lungsen palsu menawa rambut temanten putri cendhak. Saliyane iku dibutuhake harnal penjepit, sisir, lenga urang-aring, pomade, lan hairspray.

    Kanggo hiasan sanggul uga migunakake roncen melati bundher kawungan lan roncen melati tiba dada wiji timun. Makna saka roncen melati iki yaiku temanten putri kudu bisa njaga kawutuhan rumah tangga. Temtune karo nyekel puguh ing petunjuke Gusti Kang Maha Agung.

    Kanggo nyampurnakake penampilan, temanten putri uga diwenehi anggon-anggon kaya suweng/giwang krumpul, kalung, sepasang gelang tretes, ali-ali, lan bros. Anggon-anggon iki saliyane nglambangake kasugihan utawa kejayaan ing njero omah-omah, temanten putri uga kudu tansah njaga kawaspadan. Tetep njaga kesucian ati lan pikiran, njaga pandangan, peprungu, lan ucapane amarga menawa dadi ibu kudu bisa dadi panutan utama kanggo anak-anake.

2) Dodotan temanten putri

    Dodotan yaiku kain lan perlengkapane kang dinggo dening temanten solo basahan. Wondene dodotan iki dadi pirang-pirang perangan saka kain kampuh dodot werna ijo kang dipadu prada werna emas motif alas-alasan karo motif blumbangan. Ana uga panggunaan stagen, udet cinde dawane 2,5 meter motif cakar kang dadi sabuk, januran, lan buntel udan emas. 

    Motif batik alas-alasan ing kampuh dodot iki nduweni ukuran dawa sawatara 4,5 meter, nduweni karep yaiku nyawijine jiwa raga karo alam, saliyane iku uga ateges kemakmuran sarta kewibawan. Kanthi luwih rinci, motif alas-alasan iki kabentuk saka ragam hias stilasi flora fauna kaya garuda, kura-kura, ula, manuk, gunung, gajah lan sapanunggalane kang nggambarake keselarasan alam. 

    Sajroning nganggo kampuh dodot iki, ana pratelan-pratelan tinemtu kang pancen nduweni makna dhewe, tuladhane bentuk kunco ing sisih samping nduweni makna kajujuran lam keterbukaan. Dene bentuk songgo pocong/bocong kang didokok ing boyok temanten putri nduweni makna supaya kulawarga tansah ngati-ati ngatur rejeki utawa bisa gemi. Banjur, motif blumbangan (blumbang yaiku papan/sumber banyu) ing kampuh dodot ateges sumber panguripan.

    Sakteruse ana januran kang asale saka tembung janur (sejane nur) kang ateges pituduh/cahya Gusti lan udet cinde motif cakar kang ateges kemandhirian kanggo ngupadi rejeki. Dene buntel udan emas yaiku roncen godhong lan kembang, kabentuk saka godhong krokot kang ateges kuwat jroning ati, pupus gedhang ateges tresna sejati, godhong ringin ateges pengayom/pelindung. Godhong bayem ateges ayem/damai, godhong pandan ateges sepadan, sekar ningkir (wening ing pikir) ateges wening ing penggalih, lan sekar kantil kang ateges kesetiaan (tansah kumanthil). 

Busana lan aksesoris temanten solo basahan kanggo temanten kakung

    Kanggo busana temanten kakung ana kathok dawa kang nganggo bahan kain cinde. Corak lan werna kampuh dodot kang dinggo temanten kakung padha karo kang dinggo temanten putri, bedane mung cara nganggone. 

    Temanten kakung uga nganggo roncen buntel udan emas sakdawane kurang luwih 120 cm lan kanggo nguwatake kampuh dodot, temanten lanang nganggo ukup lan epek timang dadi sabuk lan panggon nyisipke keris.

    Aksesoris temanten kakung solo basahan uga cukup prasaja. Perangan rai temanten kakung ora dipaes, namung migunakake kuncup melati kanggo sumping ing kuping lan perangan rambut ditutup karo kuluk mathak. 

    Ana akeh werna kuluk kang bisa dinggo, jaman semana werna kuluk nggambarake panganggone, tuladhane werna biru enom keputihan ing digunakake dening raja, werna biru enom dinggo dening pangeran adipati, werna biru tuwa dinggo sentana dalem lan werna ireng kanggo busana kanigaran raja. Kanggo aksesoris hiasan, temanten kakung nganggo kalung karset lan singgetan sarta sebilah keris karo warangka ladrang. 

    Kanggo wong Jawa, keris yaiku simbol kejantanan, saengga ing jaman semana menawa ana siji kasebab temanten kakung ora isoh teka ing upacara manten, mula piyambake bisa diwakili dening sebilah kerise. Dadi geganep busana lan rias manten solo basahan, temanten kakung lan putri migunakake kasut arupa selop kang wernane wis dipadhakake karo werna dodot kang dinggo.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kaldu Kokot Sumenep : Harta Karun saka Wetan Madura

SENI REOG CAMPUR BAWUR

Kenduren : wujud kebersamaan lan solidaritas masyarakat