Kenduren : wujud kebersamaan lan solidaritas masyarakat
Kenduren utawa slametan yaiku tradisi turun menurun ingkang ditindakake dening masyarakat jawa dadi wujud syukur marang gusti Allah, lan duweni biji sosial kang becik ing tengahing masyarakat. Kenduren mlebu tradisi kang penting banget kanggo masyarakat jawa. Kenduren mulang awake dewe kanggo luwih bersyukur dhuwur marang nikmat kang wis diwenehake gusti Allah, lan karo kanggo padha padha ngedum ugaa kanggo memerat tali silaturahmi antar tangga teparo.
Kenduren ya kui siji prastawa sosial lan budaya kang dianakake masarakat jawa kanggo ngrayakake momen-momen penting, kaya kelairan, nikahan, mengeti dino wong mati utawa malah kanggo ngurmati leluhur. Kenduren biyasane dianakake ing omah utawa ing papan sing wis ditentokake , karo ngundang sedulur, tetangga, lan sanak sedulur kanggo rawuh.
Persiapan kenduren dipersiapke adoh-adoh dina, saka persiapan panganan nganti panggonane acara. Salah siji ciri khas kenduren iku keberagaman panganan kang dicepakke. Saka panganan khas jawa kaya sega liwet, sambel goreng, ingkung , tempe, gudangan, kolak gedang, ketan, lan saliyane iku, ana uga panganan kas tradhisional kang mung dicawisake jroning adicara kenduren, kaya jenang, bubur abang putih, lan kue-kue tradhisional liyane kaya apem. Swasana kenduren dikebaki karo donga, guyu, lan cerita cerita. Momen iki dadi wayah kang pener kanggo memererat tali silaturahmi antar sapadha-padha, ijolan pengalaman, sarta ngaturi pesan-pesan kabecikan saka para sesepuh marang generasi enom.
Kenduren ora mung sekedar acara mangan bareng, nanging uga simbol saka kasugihan budaya jawa sing perlu dilestarikake. Lewat kenduren, awake dhewe oleh ngajeni nilai nilai kebersamaan, gotong royong, lan paseduluran kang wis dadi perangan ora kapisahake saka kauripan masarakat jawa. Mangga pada nguri nguri lan terus jaga keberlangsungan tradhisi jawa iki ben tetep dadi warisan berharga nggo generasi mengko.
Komentar
Posting Komentar