Kesenian Tradisional Tari Gambyong

Dening Salwa Ayudya Ramadhani (30 / XI-8)

Tari Gambyong minangka budaya khas Jawa khususipun warga kutha Surakarta, Jawa Tengah. Umumipun kesenian tradisional Jawa Tengah iki dilaksanakake nalika acara tradhisi utawa pentas seni budaya. Tari gambyong tradhisional yaiku tarian anyar kang diarani tayub . Jenengipun Gambyong dhewe adhedhasar salah sawijining penari ingkang asmanipun Sri Gambyong, dheweke minangka penari kang misuwur ing jaman kepengker. Penari iki misuwur kanthi gerakan tari kang luwes, mula Prabu Pakubuwono IV saka Kasultanan Surakarta ngundang dheweke menyang kraton kanggo nindakake tari tayub . Tari iki asline diarani tayub , banjur diowahi lan diarani tari gambyong, amarga kepopuleran penari Sri Gambyong sing bisa narik kawigatene raja. Kesenian Jawa: Tari Gambyong. Gambyong yaiku salah sawijining tarian Jawa Klasik sing asalipun saking daerah Surakarta lan biasane kanggem pagelaran utawa dados sambutan tamu. Tari Gambyong mboten sak tarian nanging ana macem-macem Gerakan koreografi, salah sawijining Tari Gambyong Pareanom ( ngagem pirang-pirang variasi ) lan Tari Gambyong Pangkur (ngagem pirang-pirang variasi ). Dasare,gambyong digawe kanggo penari tunggal, nanging saiki luwih sering kaliyan pirang-pirang penari ditambahi unsur blocking panggung dadi ana garis lan gerak sing gedhe.

Saklajengipun ing kene uga dijlentrehake sejarah singkat Tari Gambyong. Ana ing Serat Centhini kitab kanh ditulis ing wektu pemerintahan Pakubuwawa IV (1788-1820) lan Pakubuwana V (1820-1823), sampun ngarani anane gambyong dadi tarian tledhek. Wektu iku, salah siji penata tari wektu pemerintahan Pakubuwana IX (1861-1893) jenengen K.R.M.T. Wreksadiningrat nggarap tarian rakyat iki supaya pantes digelarake ing golongan para bangsawan utawa priyayi. Tarian rakyat sampun dialuske supaya dadi kondhang lan biasa ditampilake marang para tamu ing Istana Mangkunegaran. Owahan penting tari Gambyong kedaden wektu taun 1950, Nyi Bei Mintorarasn, pelatih tari saka Istana Mangkunegaran wektu Mangkunegaran VIII gawe versi gambyong kang dipakemke sing dikenal dadi Gambyong Pareanom. Koreografi iki ditampilake kaping pisan nang upacara/adicara rabine Gusti Nurul, sedulur wadon Mangkunegaran VIII, ing taun 1951. Tarian iki disenengi masarakat ngasi ana versi-versi liyane sing dirembaka kanggo konsumsi masarakat.

Gambyong nduweni gerakan khusus kang dadi titenan tarian Gambyong. Gerakan Tari Gambyong ana telu bagian, yaiku wiwitan isi lan wusana. Unike tari Gambyong ana nang gerakan sikil, lengen, awak lan sirah. Gerakan ngiringi utawa melu gerak tangan cara nyawang arah driji tangan. Gerakan ngasi iringan karo gendhing sing digawakake. Pambuka tari diirngi karo gendhing Pangkur. Banjur, irama iki gawe Teknik gerakan ditampilake para penari kang luwes, kenes, kewes lan tregel. Biasane para penari Tari Gambyong dijangkepi nganggo sanggul lan kemben. Arepa ngono, tampilane dheweke tetep elegan lan ekspresine anggun.

Ciri kusus Tari Gambyong ana 3 antarane:

  • Sandhangan sing dinggo nuansane werna kuning lan ijo dadi simbol kamakmuran lan kasuburan.
  • Sak durunge tari diwiwiti, mesthi dibuka gendhing pangkur. 
  • Teknik gerak, irama iringan tari lan pola lendhangan bisa menampilake karakter tari kang luwes, kenes, kewes, lan tregel.

Makna tari gambyong diibaratake Dewi Pari (Dewi Sri) sing lagi nari. Amargi saka iku dhisik tari iki dinggo adicara ritual pertanian supaya entuk kasuburan pari lan panen sing akeh. Tari Gambyong sampun diangkat dadi hiburan ngramekaken adiacara resepsi kawinan, ngasi nyambut tamu-tamu kahormatan utawi kanegaran.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kaldu Kokot Sumenep : Harta Karun saka Wetan Madura

SENI REOG CAMPUR BAWUR

Kenduren : wujud kebersamaan lan solidaritas masyarakat