LENJONGAN PASAR GEDE, JAJAN PASAR MURAH
Dening Flora Nawalia Fijanati (16 / XI-8)
Ngrembug babagan kutha Solo sing diarani “The Spirit of Java” ora ana enteke. Mesthi menehi rasa kangen marang wong-wong sing wis tau dolan. Lelungan menyang Solo mung sedina bisa uga ora cukup kanggo ngrasakake swasana lan kaendahan. Saliyané misuwur kanthi manéka budaya, Solo uga misuwur kanthi manéka jajanan tradisional. Salah sijine yaiku lenjongan.
Kapethik saka situs resmi Kutha Surakarta, (15/5/2024) lenjongan minangka aranan kanggo jajanan pasar sing paling akeh digawe saka pohong. Isine lenjongan saka sawut, gethuk, gatot, gendar, klepon, tiwul, cenil, ketan ireng, ketan putih, banjur ditambahi parutan kambil lan juroh. Wadah lenjongan nggunakake pincuk sing digawe saka godhong gedhang.
Salah sijine bakul lenjongan sing misuwur yaiku lenjongan Bu Sum sing mapan ing Pasar Gede, Solo. Piyambake misuwur minangka bakul lenjongan ndhuweni macem sing maneka warna. Sepincuk lenjongan diregani Rp5.000,00 kang ndhadhekake murah - meriah kanggo wong sing tuku.
“Lenjongan iki ora nganggo pengawet, ora nganggo warna gawean pabrik,” ujare Bu Sum marang Tribunnews.com.
Lenjongan ora mung menehi rasa enak, nanging uga piwulang sejarah lan budaya sing jero. Saben isi lenjongan nggambarake kabudayan lan cara uripe masyarakat Jawa sing nggunakke bahan-bahan alami ing sakiwa tengene. Kanggo sing seneng kuliner tradisional, dolan ing Pasar Gede kanggo ngrasakake lenjongan dadi pengalaman sing kang ora bisa diliwatake.
Komentar
Posting Komentar