Tedhak Siten
Dening Naiva Septi Nur Azhima (24 / XI-8)
Indonesia dikenal minangka negara kang nduweni akeh tradhisi, salah sijine ana ing pulo Jawa. Umume wong Jawa isih percaya marang bab-bab mistik, Jawa umume ora luput saka adat istiadat. Tradhisi ing Jawa biasane ana gegayutane karo lair, bebrayan, seda, lan sapanunggalane.
Salah sawijine tradhisi ing tanah Jawa sing isih ditindakake dening masyarakat yaiku upacara “Tedhak Siten”.
Tedhak siten asale saka tembung "tedhak" sing tegese "mudhun" lan "Siten/siti" sing tegese "lemah".
upacara adat Tedhak Siten iki ora dingerteni penciptane utawa wong kang sepisanan nindakake. Upacara menika sampun turun temurun wonten ing pagesangan masarakat jawa.
Tedhak siten kang dadi tradhisi ing tanah Jawa uga ora luput saka akulturasi agama Islam lan kabudayan lokal, konon ing jaman biyen piwulang agama Islam disebarne kanthi gabungan nilai-nilai tradhisi lokal.
Tedhak siten dipuntindakaken minangka wujud raos syukur saking tiyang sepuh kekalih dhumateng Gusti ingkang sampun dipun paringi keturunan lan minangka piwulang ingkang sepisanan kangge lare kangge nglampahi lelampahan gesang ingkang badhe dipunlampahi ing tembe.
Nilai moral kang diamot sajrone tradhisi Tedak Siten yaiku : Tulung tetulung, sabar, sregep nggayuh samubarang.
Tedhak siten biyasane ditindakake marang bocah-bocah umur 7 utawa 8 sasi, amarga ing umur iki minangka masa transisi bocah saka bayi menyang balita, biasane ing umur iki bocah-bocah wis duwe kemampuan mlaku, masarakat percaya yen ing umur iki bocah kasebut isih duweni jiwa kang resik lan suci.
Upacara tedhak siten biyasane ditindakake ing plataran omah kanthi wektune dicocogake karo weton laire bocah kasebut. Upacara iki dianggep sakral saengga pelaksanaane ora bisa ditindakake ing sembarang panggonan, yen weton bocah tiba ing dina sing dianggep ala banjur acara tedhak siten bisa diundur utawa diajukne.
Prosesi tedhak siten ditindakake kanthi pirang-pirang tahapan. Bayi bakal ngliwati macem-macem proses, yaiku:
1. Cekel lan ngidak jadah pitung werna
2. Munggah ondho ingkang kadamel saking tebu wulung
3. Ceker - ceker kanggo mlaku ing tumpukan wedhi
4. Bayi mlebu kandhang utawa kurungan pithik
5. Nyebar undik-undik
6. Siraman kanggo ngresiki awak
7. Si jabang bayi dipunagemi ( didandani ) nganggo klambi kang resik
Miturut kompas.com ing salebeting rerangkening adicara menika wonten maneka arti saben tataran menika
1. Jadah (tetel) pitung werna
Jadah digawe saka ketan, klapa enom lan uyah saengga rasane enak. Werna jadah ana pitu, yaiku putih, abang, ireng, kuning, biru, oren lan wungu.
Tegesipun jadah menika minangka pralambang gesang ingkang dipunlampahi dening lare-lare nalika wiwit cilik kanthi gedhe (dewasa). Werna pitu iku ditata saka peteng nganti padhang kang nglambangake kabeh masalah sing bakal ditanggulangi, mesthi ana solusine.
2. jenang bluwok
Jenang bluwok digawe saka tepung beras minangka pralambang pacoban ngadhepi macem-macem rekasa urip.
3. Sega tumpeng lan ingkung pithik (pitik ungkep utuh)
Sega tumpeng ditambahi sayuran kacang panjang, kangkung lan tokolan. Sekul tumpeng tegesipun panyuwun saking tiyang sepuh supados ing tembe bayinipun dados lare ingkang migunani. Kacang panjang nyimbolake umur ingkang dowo, kangkung simbol kemakmuran, tokolan minangka simbol kesuburan, lan pithik ingkung tegese mandiri.
4. Jajan pasar
Jajan pasar utawa jajanan tradhisional nduweni teges yen bocah mengko kudu menehi manfaat marang lingkungane.
Mengko jajanan pasar diedum-edum marang tamu sing teka ing upacara tedhak siten.
5. Kurungan pitik
Kurungan pithik sing wis dihias dijangkepi macem-macem barang sing dipilih ing njero, kayata dhuwit, alat tulis, pangilon ( kaca) , lan liya-liyane. Anak kasebut bakal dilebokake ing kandhang lan njupuk salah sawijining barang sing ws di deleh njero kurungan. Barang sing dijupuk bakal nggambarake bocah kasebut ing masa depan nalika wes gede.
6. Tangga (ondho)
Tangga utawa ondho , tangga iki digawe saka tebu Wulung ungu utawa tebu Arjuna. Ing basa Jawa tebu iku cekakan saka anteping kalbu, tegesé mantep ati. Tangga iki dumadi saka pitung undhak-undhakan, tegese langkah-langkah kanggo miwiti urip diwasa. Panggunaan tebu Arjuna yaiku supaya si jabang bayi nduweni sipat Arjuna, paraga wayang kang nduweni sikap tanggung jawab.
7. Kembang setaman
Kembang setaman biyasane awujud kembang mlathi, mawar lan kenanga. Tegesipun kembang setaman menika menawi lare sampun kasil lumampah piyambak, dipunajab saged nuwuhaken arum dhateng tiyang sepuh saha lingkunganipun. Kembang setaman dijangkepi bokor kang isi banyu lan undhik-undhik. Banyu ing Bokor asalé saka pitung mata air. Undhik-undhik ya iku sega sing wis diwarnai kunir banjur dicampur duwit receh lan kembang. Sajrone upacara kasebut, undhik-undhik bakal disebarake kanggo bocah-bocah sing padha rebutan. Negesake supaya si jabang bayi dadi wong sing apikan lan loman.
Masyarakat wajib nglestarekake budaya tedhak siten iki. Miturut kula, tedhak siten boten namung dipuntindakaken dening tiyang Jawi ananging saged dipuntindakaken dening sedaya masarakat ing Nusantara supados tradhisi menika tetep lestari, boten namung tradhisi tedhak siten, tradhisi/upacara adat sanesipun ugi kedah tansah dipuntindakaken lan diwarisake saka generasi neng generasi supaya tetep lestari lan ora ilang
Komentar
Posting Komentar