Tradisi Brobosan, upacara kematian adat jawa
Dening Aulia Latifatul Azizah (9 / XI-8)
Tradhisi brobosan yaiku ritual adat budaya masarakat jawa. Miturut Bayuady Gesta ingkang skripsi kang diseratake dening Tia Damayanti, brobosan yaiku upacara tradhisi kang ana jero adat budaya jawa kang diselenggarakake ing latar omah mayit sadurunge dimangkatake menyang makam. Brobosan asale saka tembung brobos jroning basa jawa, kang artine nrobos utawa ngliwati. Proses iki kadadeyan sadurunge mayit digawa menyang makam.
Tujuwan tradhisi brobosan
- Ngurmati lan ngeterke roh wong kang wis sedo menyang alam baka
- Ben kulawarga kang ditinggalake isoh nglalekake kesedihan kang jero
- Ngurmati leluhur kang sampun sedo
Tata cara tradhisi brobosan
a.) Persiapan awal
- Kulawarga lan kerabat kang rawuh siap-siap karo sandhangan tradhisional kang jumbuh karo adat jawa.
- Nyepakake sesaji, sekar , dupa, lan liyane di cawisi sing teliti.
b.) Penyelenggaraan upacara
- Adicara diwiwiti karo donga bareng tokoh agama.
- Sesajen lan kembang-kembang didokoke ing papan mayit.
- Penghormatan ditindakake dening kulawarga lan kerabat kang rawuh, biyasane karo ngucapake doa-doa lan menehake penghormatan kanthi simbolis.
c.) Ritual brobosan
Miturut bapak sadali ingkang skripsi kang diseratake dening Tia Damayanti, brobosan ditindakake karo ngiteri mayit saakeh 3 utawa ping 7 ing ngisor keranda mayit. peti mati diangkat lan donga dipanjatkan bareng. Kulawarga banjur mubeng saka tengen ngiwa kanggo gegerak maju, lan pungkasane bali ing tengen utawa searah jarum jam. Ritual iki tansah diwiwiti saka anak paling tuwa jroning kulawarga, disusul dening anak mbontot lan anggota kulawarga liyane.
d.) Penutupan upacara
Sawise prosesi brobosan rampung, upacara banjur ditutup karo donga panutup.
Gegayutan karo nilai budaya jawa
Tradhisi brobosan nyerminake nilai-nilai budaya jawa kaya gotong royong, roso ngajeni marang kang luwih tuwa, lan kaprecayan marang alam gaib/roh leluhur. Bab iki ndadekake brobosan dudu mung sekadar upacara, nanging uga perangan saka warisan budaya kang dijunjung dhuwur dening masarakat jawa tengah.
Komentar
Posting Komentar