Wayang Wong Kabudayan Jawa Ingkang Boten Lekang Dening Waku lan Tansah Lumaku Bebarengan Kaliyan Jaman

Dening Fransisca Imanuela (17 / XI-8)

Wayang wong, utawi wayang orang, punika salah satunggaling kabudayan klasik saking Tanah Jawa ingkang boten namung dados hiburan nanging uga minangka media pendidikan lan pelestarian budaya. Miturut Wikipedia, wayang punika boten malih dipungelar kanthi nggambarake boneka-boneka wayang (wayang kulit ingkang biasane dipundamel saking kulit kebo utawi bahan sanes), nanging kanthi nampilake manungsa-manungsa minangka penggantos boneka-boneka wayang punika. Para pemain ngagem busana ingkang sami kaliyan hiasan-hiasan ing wayang kulit. Supados bentuk utawi bangun rahipun mirip kaliyan wayang kulit (menawi dipuntingali saking sisih), asring pemain wayang wong dipun rias kanthi tambahan gambar utawi lukisan. Crita-crita ingkang diangkat ing wayang wong adhedhasar duel epik crita kolosal inggih punika Mahabharata lan Ramayana.

Perkawis ingkang narik kawigaten saking pagelaran wayang wong inggih punika wontenipun tari kolosal utawi individu saben pemain ing saben jeda carita. Salajengipun, wayang wong ugi nampilaken tokoh punakawan minangka pencair suasana ingkang nggambarake keadaan kawulo alit utawi masyarakat kanthi umum lan abdi dalem. Minangka selingan, tokoh punakawan asring nampilaken guyonan ingkang nembe viral. Selingan punika lumayan dangu nanging boten mboseni. Menawi badhe nonton wayang wong, pastikaken kahanan ingkang sae amargi durasi pagelaranipun lumayan dangu.

Salah siji pagelaran wayang wong sing isih terus ana dumunung ing Kutha Sala. Miturut laporan saka surakarta.go.id, Wayang Wong Sriwedari dadi salah siji tradhisi sing misuwur lan isih terjaga nganti saiki. Wiwitané ing taun 1911, déning para seniman budaya Kutha Sala. Nanging, pertunjukan komersialé diwiwiti ing taun 1922. Perkembangan Wayang Wong Sriwedari ing tengah masyarakat saya populer kanthi munculé siaran ing Solosche Radio Vereeniging. Wiwit wektu kuwi, Wayang Wong Sriwedari saya disenengi warga Sala, lan tansah ditunggu-tunggu jadwal tayangé.

Awalé, Wayang Wong Sriwedari dianakaké ing komplek Pura Mangkunegaran. Nanging, krisis ekonomi kedadéyan ing taun 1896, sawisé Mangkunegara V séda amarga lara parah. Akibaté, para pemain wayang akèh sing dirumahaké. Senajan mangkono, pertunjukan wayang wong tetep dilakokaké, kanthi kliling saka kampung menyang kampung. Nganti, raja maringi dhawuh supaya Wayang Wong Sriwedari ditempatké ing Taman Sriwedari utawa dikenal uga minangka Bon Rojo (Kebon Rojo). Bangunan iki dibangun ing jaman Pakubuwana X, sing mulané dienggo kanggo panggonan santai raja. Pambangunan Gedung Wayang Wong Sriwedari terus dilakokaké, ing taun 1928-1930 dibangun gedung permanen sing bisa nampung watara 500 penonton. Ndeleng antusiasme penonton sing saya akeh, banjur pambangunan gedung diterusaké manèh ing taun 1951, saéngga bisa nampung 1000 penonton."

Kapetik saka liputan6.com sapérangan wong, Wayang Wong Sriwedari disebut-sebut minangka paket komplit seni pertunjukan. Sebab, ing pementasané, sampeyan bisa nyawang seni tari, musik pedalangan, lan drama. 'Gara-gara' iku salah siji babak sing paling ditunggu para penonton Wayang Wong Sriwedari. Ing babak 'Gara-gara', sampeyan bakal digawé kepingkal dening papat tokoh punakawan karo banyolané sing khas. Panjenengan bisa nyawang pementasan Wayang Wong Sriwedari saben dina Senin, Selasa, Rebu, Kemis, Jumuah, lan Setu ing Gedhong Wayang Wong Kutha Sala. Saben dina pagelaran wayang wong nampilaké crita sing béda nanging sambung-sinambung.


Nalika péngin nonton lan tuku tiket pagelaran wayang wong gampang lan rega tiketé murah banget, mung Rp 10.000 saben wong. Tiketé bisa sampeyan entuk kanthi online kanthi ngubungi nomer reservasi 089518178996 utawa teka langsung menyang loket Gedhong Wayang Wong Sriwedari sawisé jam 17.00 WIB. Ayo terus nglestarekake kebudayaan Jawa, dening nghargai lan nyaksike para seniman wayang wong.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kaldu Kokot Sumenep : Harta Karun saka Wetan Madura

SENI REOG CAMPUR BAWUR

Kenduren : wujud kebersamaan lan solidaritas masyarakat